Titah, Saderma Nglampahi

TITAH, SADERMA NGLAMPAHI
dening : Novi Anggita Putri, S.Pd.
Kacariyosaken bangsanipun titah ingkang pinunjul ing samubarangipun, njaban rangkah papan ingkang tebih saking panjangkanipun manungsa, inggih lampahipun Ratu ingkang murba ing Wana. Nguwaosi sedaya titah ing salebetipun. Sato kewan kadosta liman, sima, maesa, menjangan, andhapan, segawon, wanara, lembu saha turangga. Sato iwen inggih bangsanipun peksi, ugi kemangga. Gesangipun ayem tentrem, kerta boten kirang samubarang kabetahanipun sandhang, pangan saha papan. Ratu adil wewangi Dewi Martaya ingkang dipuntresnani dening pandherekipun. Murba ing Purwasari, Wana wingit wewengkonipun dipunpisahaken ilining lepen ageng, tukipun belik tansah mili deres saben taun. Wondene, Dewi Martaya jumeneng ing Kedhaton. 
Menawi dipuntingali saking katebihan, kedhatonipun Dewi Martaya kados sewu gapura ijem jejer-jejer ngiteri wewangunan, dunungipun ing tengahing Wana. Gapuranipun kaslamur rerungkutan suket alang-alang ingkang nemplok ing saidhengipun, inggilipun udakawis wit ringin yuswa 100 taun. Dipunjagani abdi dalem gagah pidegsa, agemanipun blangkon, surjan saha bebed dipunwiru pengasih, ageng inggil badanipun jumeneng ing regolipun kedhaton. Sedhakep wonten ingkang mbanda asta, mbekta gandhewa sinartan jemparing ingkang dipunkalungaken ing pamidhangan, wangkingan dipunsak ing bebedan bangkekanipun. Abdi dalem cacah pitung-ewu dados panjagi kedhaton ingkang teba wiyaripun boten kantenan, dipunpantha kalih inggih siyang saha ratri gentosan anggenipun nglampahi darmanipun kanthi greget ing penggalih.
Dewi Martaya minangka Ratu Wana Purwasari kagungan kersa nyebaraken raos tentrem dhateng sedaya pandherekipun. Wana Purwosari jembar gilar-gilar kados boten kaetang meteran eler-kidul wetan-kilenipun, ambet kawontenanipun dereng nate kapanggihaken manungsa. Kawontenan ing njawi Wana tansah kekemulaken pedhut kandel kados mega pethak ing akasa, ndayani sinten kemawon ajrih menawi badhe njarak mlebet Wana, bakal nemahi bebuntu. 
Kedhaton Wana Purwasari kagunganipun Dewi Martaya awarni pethak memplak panyangganipun arupi cagak-cagak ingkang cacahipun sekawan dasa, katon inggil sekawanan lingir jumeneng jejeg kokoh kados jangkaring bumi, saben cagak dipunjagi abdi dipunkantheni satunggal ingah-ingahanipun arupi sato kewan inggih menika sima, sato iwen kadosta merak sadayanipun awarni pethak. Sedaya titah ing Wana ndherek lelampahanipun Ratu Peri Prayangan Dewi Martaya ingkang caket ing kasampurnan, agemanipun sarwa pethak nedahaken kasucenipun, renda-rendanipun pating slawir rinumpaka sela pethak berleyan kelop-kelop mancaraken cahya gumebyar katingal nalika mabur ing awang-awang. Dewi Martaya sugih mbrewu, sedaya mas picis raja brana kagungan. Anggenipun biyantu lelados sadaya kabetahanipun Dewi Martaya ngendelaken dhayang-dhayang ingkang boten namung sulistya ing warni ananging ugi wening ing penggalih, sregep anggenipun makarya saha tansah ndherek menapa kemawon ingkang dipunkersakaken Dewi Martaya. 
Ing wayah ratri, sabibaripun siraman ngginakaken maneka warni sesekaran kados adat pakulintenipun, Dewi Martaya dipunbiyantu dhayangipun sisiran rikma ingkang panjangipun kaetang saking dhingklik dumugi amben balenipun udakawis tigang jangkahan suku. Rikmanipun Dewi Martaya ngandhan-andhan cemeng njanges kandelipun ngantos boten saged kagegem sakepelan asta, katon nengsemaken. Adatipun, sabibaripun siram piyambakipun lenggah-lenggah ing pendhapi sinambi nyumet wewangen sekar setaman ingkang dipunpethik saking pekawisan kedhaton. Sinambi leyeh-leyeh, panyawangipun Dewi Martaya tebih nglamun menggalihaken kawontenanipun Wana Purwasari ingkang sarwa cekap samubarangipun. Ananging dinten menika beda. Piyambakipun ngraos awrat ing batos, kados kagungan gegambaran bakal wonten kadadosan ingkang boten dipunkinteni.
Sayup-sayup panyawangipun kaslamur jawah deres kanthi bledheg gembleger, nambah kejot manahipun nalika panginggil dhayangipun ingkang wewangi Rara Sulistya ndangu :
“Nyuwun pangapunten ndara ndika badhe caos palapuran.” Rara Sulistya kanthi lampah dhodhok astanipun manembah.
“Iya.” gumregah age-age paring atur.
“Sendika ndara.” sawetawis unjal ambegan supados boten katingal groyok swantenipun.
“Menika ndara, kala wau siyang nalika panjenengan tedhak siti ing kilen pareden Suta, kangge nuweni sato kewan liman ingkang nembe babaran, Abdi dalem kedhaton sisih wetan sarana ubeng-uninga ing Wana, ngawuningani satunggaling menjangan katon kesakitan amargi tumancep jemparing ing padharanipun. Menjanganipun mesah-mesah kados dipunlolosi otot bebayunipun, kala wau sampun dipunusadani, ananging boten kacandhak wilujengipun, amargi saking tatu lebet ndayani meh sedaya rah ing badanipun kasuntak mili ing bantala Wana Purwasari menika.” Wangsulanipun Rara Sulistya ndayani sumedhot manahipun Dewi Martaya. “Lhadalah, duh Gusti” katon geter badanipun. “Ayo! duduhna panggonan menjangan kuwi, aku kepinging weruh." Wangsulanipun sinambi menyat saking dipan palenggahan. 
“Sendika ndara, sumangga ndika dherekaken.” sinambi ngepelaken asta driji pinunjul kapapanaken ing jaja. 
Dewi Martaya dipunkantheni Rara Sulistya, ugi dhayang saha kalih abdi dalem ing sakanan-keringipun tut wingking mlampah age-age tumuju papanipun menjangan. Nalika Dewi Martaya mirsani kawontenan menjangan ing sangajengipun menika, manahipun trenyuh luhipun dleweran nelesi pangarasanipun. Sajak kebak pitakenan sebab dumadosipun kawontenan menika. Manungsa srakah ingkang kumawani damel tatu penggalihipun.
“Dhuh Gusti ingkang Maha Agung, lelakon apa iki.” ngendika katingal kamisesegen. 
Menjangan menika wewangi Asih, sato kewan acucal pethak memplak nengsemaken, nate caos pitulungan dhateng Dewi Martaya nalika kenging ri empring petung kang nyubles ing epek-epek sukunipun rikala mlampah piyambakan ing Wana kangge meningaken penggalihipun. Rikala semanten, Asih madosaken usada toya perwitasari, amargi namung menika ingkang saged mantunaken tatu ing badanipun Dewi Martaya. Pramila Dewi Martaya nandang sungkawa, rumaos dereng saged paring piwales dhateng Asih, saderengipun Asih saha Dewi Martaya dereng sami pinanggih malih. 
Ing sawetawis wekdal, panyawangipun tebih menggalihaken pitakenan “Apa sebabe manungsa seneng nglakoni samubarang ala, tegel nglarani titah saliyane jinise, kamangka kabeh kuwi wes mlaku ing margane dhewe. Sato kewan kapapanake ing Wana supaya ora duwe jalaran ngusik katentremane manungsa, mesa isih kauthik-uthik. Tetuwuhan alas kang kababat, ilang daya-gunane. Daya gunane wit-witan kanggo kaslametane manungsa uga, kanggo segere hawa, naleni toya ngalangi banjir ing sajerone bantala supaya ora gawe sengsaraning titah, kapan manungsa bakal sadhar dhuh Gusti?” menggalih taksih katingal kamisesegen. 
“Sawangen! menjangan iki kudu nandang lara lapa amarga sipate manungsa srakah jail methakil kang ora bisa ngregani titah saliyane. Dhuh gusti paringana welas dhateng menjangan menika."
Sajak awrat ing batos, amargi ngraosaken kicalan pandherek ingkang dipuntresnani. Luh ing socanipun Dewi Martaya sumuntak kados bena bandhang ingkang lolos saking bendungan, manahipun gerah badanipun lungkrah sukunipun kados katiban sela ageng, geter ngantos boten saged nyangga badanipun, nglumpruk kados kapuk. Sinambi ngusap eluhipun mirsani menapa ingkang saweg kadadosan. Lajeng Dewi Martaya dipunpapag, ananging piyambakipun taksih dereng kiyat anggenipun wungu. Rara Sulistya ingkang dados sendheranipun Dewi Martaya tansah njageni Ratunipun.
“Sampun ndara, sampun damel kuatir manah kula, panjenengan kedah sareh ing penggalih, kedah nampi menapa ingkang sampun katakdhiraken Gusti.” ngendika sinambi muwun.
Abdi dalem kedhaton ngutus Simanipun supados nimbali kancanipun, mendhetaken kranda sekawan pikulan, kangge mbeta mlebet Dewi Martaya tumuju balenipun. Dinten salajengipun, para dhayang saha abdi dalem sampun ngreka upacara pasareyan kidang menjangan Asih, piranti ingkang dipunsamaptakaken inggih menika kain mori pethak sekawan dasa kilan, sinartan ambengan atampah arupi sekar setaman ugi woh-wohan asil pethikan saking Wana Purwasari. Menjangan Asih dipunkubur ing pasareyan sato kewan.
Sumilak kasunyatan bilih wana Purwasari ingkang katingal ayem tentrem, ron-ronan pating rembuyung, mobah-mosik krengkat-krengket swantenipun tetuwuhan nalika katiup samirana, mratandhani saenipun kawontenan ing salebetipun. Ananging, pranyata saged katlusupan ri pangrisak ingkang damel tatu ing penggalihipun titah ing salebetipun, inggih lampahipun manungsa ngicali sukma sato kewan ingkang boten kedosan, saking kawontenan menika Dewi Martaya manembah ing Gusti, nglapuraken sedaya kadadosan ingkang saweg dipuntandangi.
Endahipun cahya rembulan purnama ingkang sumebar ing akasa, sumilir angin nambahi hawa adhem damel radi ayem penggalihipun Dewi Martaya. 
“Gusti ingkang akarya jagad, Gusti ingkang kagungan kersa njagi kaslametan, Gusti ingkang murba ing dumadi, Gusti paring tentreming ati. Kula namung saged nyenyuwun mugi panjenengan kersa njagi bawana kang sangsaya dangu mindhak mrihatinaken, kula nyuwun dhuh Gusti tansah paring pitulungan dhateng sedaya titah, mugi kanthi suburipun kisma, resikipun hawa, saged ngirangi sedaya bebendu, nukulaken lestarining jagad, tinebihaken saking tulak sarek, saha tansah saras imbang samubarangipun. Dhuh Gusti paringana margi kangge sedayanipun titah ingkang taksih kathah kaluputan, mugi panjenengan kersa paring kanugrahan.” pandonganipun Dewi Martaya dhateng Gusti Pangeran. 
Panyawangipun Dewi Martaya tebih maspadakaken satunggaling cahya ageng ing ngajengipun muncar-muncar bablas minggah mabur inggil ing awang-awang njeblug dados pedhut kandel ing akasa ngemuli Wana Purwasari.


                                    TAMAT

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Resensi Novel Basa Jawa "Emprit Abuntut Bedhug"

Resensi Carita "Sri Ngilang"

Tugas kata kerja, sifat dan benda