Perbaikan carita cerkak"wadi" dening Novi Anggita Putri"
Dina kemis sing manis iki, ana Pameran Buku ing kutha Jogja.
“Kring Kring kring..” Jam bekerku nyuwara.
“eeemmm” swaraku sinambi ngolet klawan ngranggeh jam beker nuli dak menengke.
Jam beker lawasku iki kayata panggantine mamakku. Sing kira kira wes patang taun tansah nggugah aku dadi alarm subuhku.
“Emm, wes adzan iki dak adus sisan bar kuwi gek subuh” gremengku sinambi garuk-garuk gulu, mataku isih kriyip-kriyip.
Dina iki aku rada sumringah, sabab aku prei kerja nadyan mung sedina. Agendaku dina iki marani pameran buku. Bar olehku adus, aku salin nganggo klambi sing paling rapi ora lali dandan lan parfuman.
“Pranyata isih jam 6, padahal acarane jam setengah 8, mengko lehku perjalanan setengah jam. Yawes mendhing musikan sik” batinku. Kira kira jam 06.30 aku menyat saka panggonku ngalungake tas nuli nyangking helm.
“Walaah dolan dhewe maneh, tiwas wingi Ani mungal arep ngeterke golek buku , e.. ditilpun bose ana lemburan, nasibe cah kerja, sok kosok balen selane.” Gremengku nuli bukak lawang kos banjur mudhun tangga mara neng parkiran motor.
Kira-kira jam 7 aku menyang pameran. Nadyan ora ana kanca aku tetep sumringah sabab koleksi buku critaku wes entek, ora duwe wektu golek merga wes sewulan iki aku kerja tanpa leren.
“Idhep-idhep refreshing ben utekke ra kaku” batinku.
“grengg tek tektektektek teeekk..” Swarane jengki tansah khas kaya biasane.
“Bismillah, mugya dina iki aku pikantuk rahmat saka Gusti, tansah paring lindhungan supaya dina iki aku bingah lan bisa ngerefresh utek lan badan sing tansah kesel tenan iki” dongaku sadurunge menyang Pameran.
Ana dalan aku wes bayangake kahanan Pameran sing akeh buku didol kanthi obral lan mesthi akeh sing apik lan murah. Banjur wes tekan, pranyata pamerane wes mulai, ning durung akeh uwong.
“wah, malahane iki urung ana uwong” batinku.
Yen ana pameran buku aku wajib teka. Pancen aku seneng maca, apa maneh yen carita novel bab katresnan. Dak sawang ing sakiwa tengen akeh buku sing durung dak duweni, rasane pengin dak borong kabeh buku buku iku, nanging ora bisa, gajiku nadyan lumayan, nanging kudu bisa pinter ngatur. Kanggo mangan, bayar kos lan yen turah bisa dak kirimke bapak ibu ing Magelang, mula kudu bisa direka supaya cukup.
“Akeh tenan bukune rek”
Mrana mrene golek novel, dak pilah pilih ana rak buku, aku nemu judhul sing apik nanging dak sawang buku sing dak pengini ana ing rak buku paling ndhuwur.Dak ranggeh ora kecekel, banjur aku nganti mlumpat-mlumpat ya ora kena.
“Buku sitok iki pancen marai ngresula tenan,” gremengku sajak ngrasa anyel.
Aku ora ilang akal, dak sawang ing pojok tembok ana dhingklik cilik, pikirku bisa dak anggo ancik ancik. Dak coba ancik ancik dhingklik cilik ning ya padha wae.
“Woalahh bola bali yen duwe awak cilik cendhik menthisil apa apa sarwa angel”. Lagi wae mingkem olehku grememeng, aku mudhun saka dhingklik.
“Tlebugg!” sikil ku ketheklek banjur tiba. Awakku nyenggol rak bukune padha tiba kumecer ana ngendi-endi.
“Astaghfirullah.” Mak tratap atiku. Kabeh wong neng kono padha kaget, kabeh ndelokake aku sajak gumun. Banjur ana wong alok,
“Gek ngapa to mbak, pecicilan!” Nyelathu karo mlolo matane kaya arep metu.
Hadhuh, piye iki. Ya Allah paringana tetulung.” Batinku.
Banjur aku ditekani sawijining wong, ngrangkul aku nuli ditangekake banjur dilungguhake ana kursi malah diwenehi ombe teh anget. Pranyata priya iki sing duwe gerai pameran bukune, dudu wong sing mau ngelokake aku. Basan aku wes girab-girab saking wedine.
“Mbak, pripun panjenengan rak boten napa napa ta?” Raine yen diukur mung kacek sakilan karo raiku, banjur aku gumagig njawab, “boten” langsung cep mingkem ora obah, Dheweke katon kuatir karo kahananku, aku disodhori gelas dikon ngombe teh anget sithik mbaka sathithik. Aku ditekoni omahku, malah arep diterke barang, basane mlipis krama nadyan katon padha karo umurku.
“Pripun niki mas, kula boten sengaja yen kula kedah nglintoni sadaya bukunipun, kula boten saged, kula nyuwun ngapunten, saestu kula boten sengaja.” Jawabku ra krasa luh saka mata ndlewer ana pipi.
“Wes mbak menawi buku menika boten wonten ingkang risak, kula malah kuatir dhateng njenengan, yen wonten napa napa sanjang kemawon” katon piyambake pinter saka unggah-ungguh lan obahing awak, suba sita celathune. Banjur dheweke ngomong kaya ngono atiku gumeter nyawang wong saiki isih ana sing apikan kaya ngene. Dak sawang raine ibaratna kaya wulan sing mantulake cahya gumebyar. Pasuryane kaya dene wulan purnama nyoroting angkasa.Aku mung bisa batin sapa sing bisa gawe atiku gumeter nadyan mung nyawang pasuryane pisan sakumur urip.Pranyata gur saklibet ketemu piyambake aku bisa ngelingi pasuryane sadina dina nganti aku ngrasa judheg dhewe karo atiku.
Sakwise, aku biyantu dheweke beresi buku buku sing tiba ana jobin, aku pamit banjur njaluk ngapura marang dheweke, wis ra kapikiran isin, ing dalan mung mecucu ndhungkluk nahan nangis, ngrasa salah karo wong bagus sing ana pameran buku kala mau. Tekan kos aku ambruk ing kasur, nglamun ora krasa les, bablas turu.
Dina ganti dina, kaetung wes sakwulan kapungkur, aku nemoni kadadean sing angel dilalekake, aku ora ketemu dheweke, anggawe gambar rupane sithik sithik bisa ilang saka atiku. nanging aku ora bisa lali marang dheweke sing gawe atiku tiba ing jembare segara angen angen sing pikirku mokal bisa awujud.
Banjur aku nglakoni uripku kaya biasane, buruh glidhig ana ing Kraton Hadiningrat Jogja. mangkat saka omah jam 6 esuk uthuk-uthuk nitih motorku si Jengki, vespa lungsurane Bapak. Nadyan vespa iki wes tua umure lan uga rada angel ingon-inonane nanging, atiku wes kadhung gumatok ra bisa pisah karo si Jengki, sing tansah ngancani aku dolan, nyambut gawe lan lunga tekan ngendi wae.
Dina kamis isuk, katon cahyaning srengenge rumasuk pating clorot ing cendhela kamar, bingkai foto kulawargaku mantulake sorote nuju ing mripatku sing isih merem, banjur aku tangi. Ngawaske bingkai sing tansah akeh kenangane, lamunku nglambrang.
“adhuh, kangen omah, bu pak mugya tansah pinaringan sehat. Aamiin.”
aku kangen omah, banjur ngajokake prei telung dina, kaetung saka dina Jumat. Banjur aku nglaju saka Jogja tekan Magelang.
“Assalamualaikum, Bu, Pak. Aku balek iki, walaah, gek padha nendi iki anakke bali malah ora neng omah.” Aku muteri omah karo celuk-celuk.
“Alhamdulillah ndhuk,” celathune bapak nggawe kaget.
“Bapak kilo, malah ngageti, jenengan saking pundi to pak, gek ibu barang malah tumut boten ten griya menika nendi?” Celathuku rada bengok.
“Pie ndhuk, kowe ngomong apa?”
“Wes pak, ten ngriki kriyin kula tak madosi ibu,” sanjangku.
Bapak pancen wes sepuh, parungonane wes radi kirang, kala-kala aku sok pengin resain saka pagaweanku supaya neng ngomah wae njaga bapak ibu sing wes yuswa. Nanging.. ora bisa.
“Bu, ibuu.”
“Krosak krosak, tlebugg!”
Pranyata ibu saweg omek pelem ing buri omah.
“bu, lakok njenengan reka-reka methik pelemipun piyambak, kok boten aken mas Dibya wae to,” celathuku.
Ibu katon kaget krungu suwaraku, banjur dheweke mengo lan nyelathu
“wealaah, anakku wedok wes tekan to iki.” Nuli nyelehake genter.
“walaah ndhuk, ibumu ki kangen tenan kok nganti telung sasi ora bali ngomah, kowe apa lali to?”
Aku gur bisa meneng karo nyawang pasuryane sing melasi atiku. Banjur ibu marani lan nggegem tanganku.
“Pie ndhuk kahananmu, sehat to ndhuk?” kembeng-kembeng socane.
“Saras bu, kula saras.” Primbik-primbik nahan nangis.
“Wes yo gek mlebu, gilo wes dak undhuhke pelem, klapa, rambutan, sawo, kates yen semangka karo melone isih enom ndhuk sesuk seminggu engkas bali Magelang meneh nek pengin ngrasake semangka lan melon sing ditandur kakangmu”
“inggih.
Banjur mlebu ing jero omah, nglanjuti omong omongan.
Rong dina ana Magelang, aku resik-resik omah, sabarang dak resiki kabeh nganti tuntas, ora lali gudhang sing meh setaun ora kajamah ana ing pojokan omah. Dak olak aliki kerdhus-kerdhus ting sumuwek wadhah buku-buku sekolahku biyen padha dak ganteni. Dumadak
“brug!”
tiba salah sijine kumecer kabeh isine, ing sajerone kerdhus, dak sawang kaya ana buntelan sing misterius, saking penasarane dak bukak mbaka sithik buntelan iku wedi yen ana apa apane.
“aaaaaaaaa!” Aku njerit plastike dak uncalake nanging ora karo isine.
“Jarik iki, ya Allah Alhamdulillah!”Jarik motif sida muktiku saka simbah wes setaun ilang. Dhek semana aku nggolekki ora ketemu banjur aku nangis ngglolo sababe iki jarik waris saka simbah kanggo putune sing paling ditresnani. Banjur aku mlumpat-mlumpat saking senenge.
“Mimpi apa aku mau bengi, Geg-geg iki pratandha apik.” batinku.
Ora krasa telung dina ki cepet lakune. Dina minggu sore aku pamitan Bapak Ibu banjur bali Yogya.
“Bu, Pak nyuwun pamit, kula nyambut damel malih, nyuwun donganipun supados kula tansah pinaringan sehat saha untung.” Swaraku rada abot.
“Ya ndhuk aja lali sholatmu supaya untung donya akheratmu ya ndhuk.”
Ibu katon mingseg-mingseg sesengguken dak jaluki pamit, ora kleru sabab aku iki anak paling wadon sing wus kadhidhik mandhiri dening bapak awit cilik. Ngerti mangkono ning atining ibu kuwi mesthi duwe rasa welas marang anake sing kudu adu arep ing jaba kutha tanpa ana sanak sadulur ing kana.
Dina senin iki aku duwe gawe ngancani turis saka Walanda, janjiane ing kraton Jogja. Dadi gaet pancen kudu grapyak, padhang pasemone lan uga kudu pinter basa Inggris. Banjur aku nemoni turise.
“Good morning Mr, how’s life?” pitakonku.
“Good morning,Ok, lets just check our place list.”
“Ok.”
Nengahi omong omongan, teka kancane turis seka njaba banjur padha salaman terus ndhakep kaya mitra sing suwe ora ketemu. Dak sawang-sawang
“Aku kaya tau ketemu karo priyayi iki.” batin kanthi nyipitake mripat.
Isih durung terang sapa kancane turis iki sabab dheweke nganggo topi karo kaca mata. Banjur topi lan kacamatane dibuka, aku diajak salaman. Aku kaget ora karuwan, pranyata kancane turis iki priyayi sing sewulan kapungkur nulungi aku.
“adhuh biyung, gek apa iki.” Batinku.
Aku disalami banjur ditakoni,
“halo, mbak sinten asmane?” pitakone.
Wektu kuwi aku mung bisa ndlongop durung bisa ngomong apa apa.
“mbak.” nuli tanganku didemok turise. Aku lagi gregah yen pranyata aku ora ngimpi.
“nami kula Putri mas.” Aku nyebutake jenengku lan dheweke nyebutake jenenge, sedhetik rong dhetik nunggu kayata sewulan. Rasaning atiku pengin ngreti jenenge sakwise ketemu pisanan nalika ing Pameran. Nanging aku isih ndomblong. Ngematke raine thok, ora krungu dheweke ngomong apa. Dak tunggu-tunggu dheweke nyapa yen kenal aku, paling ora kelingan karo kadadean ana pameran buku, nanging dheweke mung meneng wae, aku ya arep omong dhisik ora kepenak.
Aku isih ora nyangka, pranyata aku katakdhirake bisa ketemu priyayi kanthi kahanan liya kang mranani ati iki. Sing biyen bisa gawe atiku gumeter nadyan kala semana durung kenal. Nanging rikala dheweke nyebutake jenenge aku ora sadhar, tan wruh sapa jenenge. Dadekake rubeding ati, ngrasa pengin duweni nanging tansah wedi marang kanyatan. Aku mung bisa ndhungkluk.
Sakwise kenalan, aku lan rombongan nemtokake wisata sing arep tinuju, tundhane rombongan sida wisata ing Candhi Prambanan Klathen.
“Come on guys, we take the trip!”
Rombongan mangkat numpak oto, aku entuk lungguhan tengah burine pak sopir,
“Aja-aja bocahe mangkat numpak otone dhewe.” Batinku kanthi ilang iling nggoleki priyayi mau saka njero mobil nanging aku ora nemu priyayi mau ing njaba, dumadak ana sing nggugah lamunku banjur nekoni aku karo semu nggetak “Heh, nggoleki sapa” celathune.
Aku gumregah kaget banjur mringis, bar kui aku digawe kaget meneh pranyata priyayi mau wes ana ing sandhingku. Eladalah batinku.
Ing dalan tumuju candhi Prambanan , rumangsaku aku sing dadi gaet nanging sing ket mau kemriyek malah priyayi iki. Ket mau sing nerangke bab sejarah candhi marang turise mung dheweke priyayi pepujanku. Aku gur bisa ngrungokake karo benerake apa sing durung pati terang babagan sejarah candhi iki.
Ora krasa wis tekan candhi Prambanan, dag dig dug atiku bisa lungguh sandhing dheweke, nadyan ing jero batinku aku ngerti dheweke ora ngreti apa sing dak rasa. Nadyan atiku deg-degan campur baur rasane, aku nyoba supaya ketara biasa wae. Wiwit, saka aku njelasake babagan sejarah candi, lan ing tengahing para turis iki ana priyayi sing katon temenan nyimak katranganku sinambi nyathet apa bae bab sing penting ing bukune dheweke, dheweke uga nyawang pemandhangan alam sing kira-kira apik dijupuk gambare.
Ing tengahing aku njelaske,
“Tolong, ambilkan fotoku dengannya,” panjaluke turis marang priyayi. Aku mesem lingsem tapi tetep akting supaya biasa wae. sakrampunge aku njelaske obyek lan sejarah saka candhi, turis-turis padha mencar dhewe-dhewe, banjur aku leren karo golek ombe dinggo nelesi tenggorokanku sing uwes garing, aku lungguh ing pinggir platarane candhi, sumiliring angin nggawe rambutku sing dawa ngibar-ibar kena sembribiting angin. Banjur aku nglamun karo mikir apa sing entas kadadean ing uripku dina iki.
Cekrak cekrek kamera marai aku ilang iling goleki tuging swara mau, ing sumbribiting angin rambutku ngebaki rai banjur tak silakake nganggo tangan kiwaku, saka kadohan dak delok bocah lanang teka marani panggon olehku lungguh, ora terang olehku ndelok sabab aku lali ora gawa kaca mata, saya cerak saya cerak pranyata kui si priyayi.
“Put, ngapae nglamun wae,?” nyelathu karo ndemok pundhakku.
“Eladalah” Jawabku kaget.
“hahahaha, nyante-nyante”
“iya, tak kira sapa, rene-rene ngobrol karo cah cantik. Hehehe” jawabku
“cantik? Manut lah”
“Iya aku cen ra cantik”jawabku lirih. Katon piyambake ora krungu apa sing dak omongke.
“Put, tak sawang raimu ki familiar, emmm, sik-sik tak eling-eling. Woiya, pas neng pameran!” nyelathu seru sinambi ngacungake drijine neng ngarep raiku.
“wek, hoo po? Udu yo kapan kok ra kelingan?” jawabku kikuk.
“ahahhhaahhaah”
“Hoo, aku kelingan saiki sing ngambruke rak buku. Hahahahah”
“Kampret, aku wes lega koe ra kelingan mbes!” jawabku rada nglantur.
“Hayo isin..”
“Eemmm “ aku mung bisa mesem-mesem isin.
Aku isih akting supaya katon biasa wae. Ing selane omongan, dheweke bisa gawe guyon nadyan durung nganti sedina anggone kenal aku. Aku ora nyangka pranyata dheweke Yen diajaki ngomong bisa lucu lan nyambung.
Aku isih bisa biasa wae. Wektu ganti wektu ora krasa Surya wes arep ndhelik, bunder mleker katon jingga wernane, menehi ide supaya omongan iki isih bisa lanjut. Ing tengahing omongan babagan Sunset,
“kringgg..” hape dheweke muni.
“Eh sapa iki, woh sek ya put dhilut,” Aku dipamiti dinggo nampa telpone, aku mung bisa manthuk karo menehi isyarat jempolku ngacung. Lirih-lirih swarane dheweke njawab karo mesam-mesem. Aku sing dudu apane mung bisa nyawang endahing sunset sinambi ngraos sukur dhateng ingkang Kuwaos sampun paring mapinten nikmat dhateng uripku dina iki.
Rada suwe piyambake nampa telpun aku isih nyawang sunset kanthi nglamun babagan lamunan sing kudune ora oleh dak bayangake, aku separo terang sing dak lamunake mung dadi lamunan sing mokal bakal kadadean. Ing tengahing lamunku ngerti ngerti Surya sing isih wutuh bunder mlengker kang wernane jingga mau wes ndlesep ing kandhange, aku ora weruh kadadeane.
Sadhar saka lamunan wes peteng ndedhet ora ketara apa apa, aku tambah gumregah nalika lampu taman candi prambanan nylorot mripat nandhakake yen wes surup. Aku mengo ing buri pranyata si priyayi isih telponan. Weruh aku mengo banjur dheweke mesem lan ngunggahke alise.
“Kringgg,” Banjur hapeku genti nyuwara,
“Putri, kamu dimana? Ayo sini makan dulu di Rumah makan Sentana, kamu tau kan?”aku gumregah nalika ngerteni sing nelpon yaiku bule sing nyewa jasa gaetku.
“oke, Mr, I’m on my way, please wait!” Banjur aku menehi isyarat kanggo priyayi supaya andang mudhun sabab wes tinunggu ing restoran njaba candi, banjur aku mlaku bareng piyambake nuju restoran. Banjur rombongan maem bareng, bubar maem lanjut nuju ing Hotel. Tekan hotel aku njaluk pamit marang bule lan rombongan uga si priyayi, dina kang mranani ati iki wes entek. Nadyan abot, aku kudu pisah karo piyambake.
Dina minggu jam 5 sore, Aku ketemu Nala, kanca kenthelku saka perguruan tinggi, aku karo dheweke uwes suwe ora ketemu, dheweke kerja ing njaba kutha lan aku tetep ora bisa pisah karo kutha Jogja, aku gawe janji karo dheweke ing kafe modern cedhak Bandara Adisoetjipta.
“Wadhuh telat, piye iki muga-muga Nala ora nesu wes nunggu.”gremengku sajak keweden.
Tekan Restoran aku ilang iling nggoleki panggon sing uwes kapesen, ilang iling kaya wong ilang, aku dikagetke karo swara jeritan njeluk jenengku,
“Putri!” Aku mengo banjur aku didhekep saka mburi. Pranyata dheweke Nala, aku karo nala jeliritan ora karuwan saking kangene.
“Nala!, ya Allah kangen ndhes, kowe wes lali bali Jogja, tak kira wes lali kekancan barang.” Nyelathu kanthi nyindhir.
“Wes-wes lungguh sikek kene, ditunggu setengah jam tak kira lali acarane, wes arep tak tinggal bali lho.” Katon rada kuciwa.
“Heheheeh, aja bali ndhes teneh aku sedhih” jawabku.
Banjur padha lungguh ing meja sing uwes kapesen, aku karo Nala carita babagan uripe dhewe-dhewe,
“Put, deloken iki.” Kanthi ngepelke tangane katon ali-ali werna putih mlengker ana driji manise.
“Ali-ali apa iki?”
“Sesuk sesasi engkas, kowe gelem dadi saksiku to?”
Aku meneng sauntara, satemah kaya wong bingung.
“Hei!” nyelathu ngganggu lamunku.
“Alhamdulillah kancaku sing paling ayu dhewe arep mentas!” suwaraku bengok.
“sssttt, keseron ndhes! Hahahaha”
Pranyata Nala uwes duwe tunangan, lan ora suwe bakal dadi manten, aku kenal Nala suwe, aku bisa ndelok saking sayange dheweke karo tunangane, siji sijine sing bisa marai dheweke crita ketara mesam mesem saking senenge.
Banjur aku ditakoni,
“Si Rudhi piye kabare, eh..” takon kanthi semu kleru.
“emm” bar ditakoni aku mung bisa meneng.
“Kowe ngerti dhewe to Nal.” Omongku lirih.
“Wes-wes rasah Put, mengko aku sing rakuat wes-wes” nyelathu karo ngrangkul awakku.
“Rudhi uwong sing jamane semana merjuangke aku ing tengahing ora ana restu ibu bapakku, aku karo Rudhi pancen beda sakkabehe, wong tuaku ora ngolehke ya dudu tanpa dalasan, Nadyan tekan sakiki sing bisa gawe aku ngrasa aman, dingerteni ya mung dheweke, mantanku sing paling bagus rupa kelawan atine. Nanging kabeh crita kuwi mokal kadadean kanthi pungkasan endah”. Lambeku isih bisa mesem nadyan atiku keranta-ranta.
“Aku karo Rudhi ora bakal bisa dadi manten yen ora ana sing ngalah ngeculke kapercayaan sing seka cilik nggetih dadi Agama”. Batinku.
Ora krasa aku crita babagan Rudhi, luh saka mripat nelesi pipi banjur tumetes ing dhadha. Swasana sing maune riuh dadi tetangisan. Aku sadhar, Sing gawe urip bakal menehi sing linuwih apik. nadyan atiku isih pengin nangis, aku nyoba nutupi nganggo swara tawaku lan ngupayakake golek bahasan liyane.
“hahaha, apa iki malah banyune mripat ndlewer-ndlewer.” Nyelathu kanthi ngusap eluh ing pipine Nala.
Aku ora pengin suweking atiku sing wes dak pendhem jero njedhul maneh. Uwes uwes, ora papa batinku. Ora ngerti wayah yen aku wes ketemu Nala, padha dene crita nganti sok diusir pelayan restoran amarga restoran wes arep tutup. Wusanane aku karo Nala pisah lan mulih saka Restoran jam setengah 11 bengi.
Minggu legi, aku ora duwe gawe. Sakwise umbah umbah, beresi kamar kos lan nyetlika klambi, aku adus banjur leyeh leyeh ing ngarep tv. Dina iki aku kelingan karo si priyayi. Nadyan duwe kontak nomere aku ora duwe nyali wani ngirim sms ndhisik sadurunge piyambake. Sakwise seminggu bibar wisata ing Candhi Prambanan, mung pisan piyambake ngirim sms tekon kabarku sing uwes kaanggep dadi mitrane. Kaya mitra liyane aku nanggepi sms biasa wae, ora wani nyangka-nyangka yen piyambake kudu duwe rasa pangrasa kaya apa sing dak rasa. Aku wedi kuciwa maneh.
Seminggu Rong minggu aku smsan mung yen ana prelu karo piyambake. sing dak reti saka piyambake sakiki lagi ana gawe nyiapake nikahan. Ananging aku ora dikandhani sapa sing arep nikah. Saka pisanan aku ketemu piyambake durung tau ngerti sapa jenenge, piyambake isih gawe atiku ngerep-arep apa sing paribasan bisa kadadean lan bisa mokal kadadadeane. Aku mung bisa pasrah ing ngarsa dalem Gusti Maha Agung. Yen bakal ketemu maneh aku bakal ngerti jenenge sesuk sawijining dina. Ananging yen ora, aku ora pengin angen-angenku iki mung dadi tug laraning ati maneh. Aku mokal bakal bisa lali yen ngerti jenenge, ben sapa jenenge dadi wadi sakumur uripku.
Sawijining dina, aku janjian lunga dolan karo Nala.
“Kring, kring” hapeku muni.
“Hallo Nal?”
“Hallo Put, mengko bar maghrib kudu wes tekan Restoran biasane ya, ayo dak tunggu.”
“Perasaan acarane isih suwe,” jawabku.
“alaaahh, pokoke dak tunggu ya,”
“thit thit thit, “ banjur telpunku dipateni.
Ora biasane dheweke ngajak ketemu lan aku kudu bisa nemoni. Dak kira kaya ana sing penting arep diomongke. Banjur aku adus, salin langsung menyang Restoran.
“Nal, ming dhewe iki?” pitakonku sajak mbeda.
“Iya”
“Jare meh dikenalke aku, endi?”.
“emm, rasida, hehehe,”
Dheweke ketemu aku mung dhewe, jare tunangane teka arep dikenalke karo aku, siji sijine kanca sing wes kaanggep kaya sadulur getihe. Ananging tunangane rung bisa teka amarga duwe gawe dhadhakan. Jare Nala tunangane adu arep nyewakake transport kanggo wisata ing daerah Sleman Jogjakarta.
Ora kaya biasane sing ceplas ceplos ngomongke babagan uripe dhewe dhewe, pas ketemuan iki dheweke gawe aku penasaran,
“Mengko yen bali aja lali, meja panggonmu kerja ditiliki.”
“Emang ngapa, ra biasane rek hahaha”
“Ana Map jambon motif kembang-kembang.”
“Motif kembang-kembang? Alaah leh ku ulang taun isih suwe.”
“Pokoke delok wae.”
Motif kembang kembang, batinku ngguyu. Sabab jaman isih kuliah biyen dheweke tansah ngenei aku kejutan ulang tahun, lan pendhak taun mesthi padha yaiku tansah nganggo asesoris motif abang jambu motif kembang kembang. Ananging saiki aku ora ulang taun, dadi mesthi ana kejutan liya sing didhelike karo dheweke.
Aku bali tekan kos langsung marani meja panggonku kerja, ora kaya biasane sing tansah katon amburadhul, dina iki dadi rapi ora ngerti sapa sing beresi, nanging miturutku iki mesthi gaweane Nala. Sabab Nala ya ngerti yen aku jarang ngunci lawang kos-kosanku.
Saking penasarane, aku buka isi map sing dimaksud Nala, sithik sithik dak dudut saka map, ing separo bagian aku wes ngerti yen kuwi surat undhangan nikah. Ing separo bagian dak waca ana jeneng calon sing arep nikah katulis 2 jeneng nom-noman, ya ora salah mesthi salah sijine Nala Pramudya. Ing batin aku ngrasa seneng lan mesam mesem yen kanca kenthelku akhire rabi, sakwise suwe anggone pacaran. Katulis Duga Laksana & Nala Pramudya, weladalahh. Pranyata jeneng calone si Duga. Aku mung pengen ngerti sapa jeneng calone, undhangane ora nganti dak waca sakkabehe, mengko ndhak dadi nangis pengen rabi, batinku.
Dina sing katunggu-tunggu wes teka, dina iki aku wes nyiapake gaun dinggo teka ing acara nikahan kanca kenthelku, si Nala. Ing njero batin aku ndonga supaya ora nangis nyawang kancaku wes mentas munggah ing pelaminan. Bismillah batinku. Tekan panggone aku nyandhingi Nala sing wes didandani dadi ayu kaya widadari sing bubar adus ing telaga swarga. Ing jero panggonan dandan, aku karo Nala isih bisa geguyon. Ora suwe gendhing gamelane nyuwara, nandhani bilih pengantin sing lanang wes teka. Aku karo Nala nunggu ing teras, saka kadohan aku nyawang uwong sing bagus rupane, gagah pideksa awake. Banjur rada nyerak saya cerak saya cerak dheweke mesem lan nggandheng Nala.
Aku mung bisa mlongo ndlongop karo kadadean iki. Awakku lemes atiku ndrodog nyawang kahanan, aku mumet ning tetep nyoba tegak ngadeg ing sikilku sing isih gumeter. Aku sing nyandhing Nala, nggujengi tangane pungkasan, Aku sing menehke Nala pindhah tangan saka tanganku ing tangane calon bojone, dak sawang pranyata dunya pancen sempit kayata godhong kelor. pengantin lanang sing mara saka kadohan kuwi si priyayi sing dadi pepujanku, sing dadi wadi jenenge neng atiku. Kabeh teka-teki uripku wes kajawab saka detik pratama piyambake mlaku marani Nala lan mesam mesem nyawang aku lan Nala. Aku ora nyana aku isih ndlongop ing panggonku. Wektu krasa mleret saya suwe saya suwe aku mung begegeg ora obah, ora ana sing nggatekake aku. Nala lan calone wes mlaku adoh ninggal aku neng buri, aku nangis atiku lara.
Banjur ing saburine penganten tinutut wong tuwane. Dilanjutke kulawarga panganten lanang. Aku lan Ibu nututi paling buri dhewe, nuli lungguh ing lungguhan saksi. Aku sing dadi salah siji saksi kawinan Nala, kanca kenthelku. Ora ana sing ngerti apa sing dak rasa, kabeh tamu padha nggatekake 2 nom noman sing lagi ngadhep penghulu ngucap janji saumur urip, nadyan uwes dak tahan supaya ora netes eluhku, nanging apa dayaku.
“Sahh”. Akhire kancaku dadi duweke priyayi sing dak puja. aku nyoba mesem nadyan atiku lara. Tumetesing eluh nelesi dhadha. Ibukku ngelap eluhku, lan ngomong yen kabeh wes ana dalane dhewe-dhewe, aku ora kudu nangis mesthi sesuk bakale nyusul. Nanging aku ngerti yen ibuku ora ngerti kadadean sing saktenane. Aku kudu kuat, aku mesem kanggo kancaku. Panjalukku yen iki sing paling apik kanggo aku dhuh gusti, aku titip piyambake sing dadi wadi jenenge supaya bisa bungah lan sakinah mawadah warrohmah nyandhing kanca kenthelku sing paling dak trenani iki.
TAMAT
Komentar
Posting Komentar