Carita cerkak " Pacelathon ing ngomah"

Pacelathon ing ngomah:
Sawijining dinten wonten ing papan pasowanan, Andi, Bapak saha Ibu kempal ningal tv saha sami pacelathon. Andi gadhah pr basa jawi lajeng nyuwun piwarah dhateng Ibu saha
Bapakipun.
Andi : “Nyuwun ngapunten bu, pak wonten ing dinten menika, kula gadhah pr saking ibu guru. Pr-ipun basa jawi, wonten tetembungan ingkang dereng kula mangertosi, menawi kapareng kula nyuwun pirsa marang Ibu lan Bapak, hehehe...”
Ibu : “Pr basa jawi le? walaah nek kui sing iso yo mesthi bapakmu kuii, bapakmu luwih pinter nek babagan kaya ngono, niku pak mang kandani putrane..”
Bapak : “Lha mung basane dhewe yo isih bingung, kui rak basa saben dinamu to lee, kudune koe ki yo wes lanyah lan biasa karo tetembungan basa.”
Andi : “Inggih pak, wonten ing mriki kathah basa ingkang dereng nate kula mangertosi.. hehehe.”
Ibu : “Menawi wonten tembung ingkang dereng punmangertosi mang kandhani kemawon pak, mboten menapa to pakne.”
Bapak: “Ya rapapa bu, ning yo wis biasa nganggo basa jawa kok isih ana sing bingung, kene cah bagus kaya ngapa to pr mu kii.”
Andi : “Menika pr ipun, kula dipunsuwun ibu guru nyerat hanacaraka, kula taksih dereng dhong sababipun wonten tembung basa kawinipun..
Bapak : “Wo, cen rodo angel le nek kawi, sabab wong rembugan apa omongan jaman saiki wus jarang dienggo.”
Andi : “Inggih pak, ing mriki, wonten tembung aditya, agni, akasa, anila, lan ardi pak, menika kula nate mireng, ananging dereng dhong tegesipun.”
Ibu : “Kui Ibu gur reti tegese aditya kuwi nek ora kleru srengenge cah bagus.”
Andi : “Hehe, nggih bu, matur nuwun.. menika badhe kula serat.”
Bapak : “Iku tegese aditya wis dijawab ibumu le, yen agni iku tegese geni, akasa iku langit, anila iku angin lan ardi sing kaya jenenge kakangmu iku tegese gunung.”
Andi : “Wo nggih pak, kula nembe kemawon mangertos menawi naminipun kangmas wonten tegesipun, hehhe.. matur nuwun nggih pak bu sampun nyaosi piwarah marang kula.”
Bapak lan Ibunipun andi manthuk banjur andi dipunsuwun mlebet bilik sababipun wekdal menika sampun ndungkap ndalu..
Wonten ing wayah esuk jagone kluruk wekdal menika sampun nedahaken menawi gagating raina, sabibaripun adus, Andi banjur sarapan, rampung sarapan, Andi nyuwun pamit dhateng Ibu saha Bapakipun ajeng tindak wonten sekolah.
Wonten margi tinuju sekolah Andi tepang kaliyan kanca lami ingkang nembe mantuk saking njawi kitha.
Andi : “Nenenee” (Andi mbengeng nyanyi nyanyi piyambakan) “ssisitt”, (suantenipun Andi ngerem sepeda) “kae si budi udu ya, kanca cilikku mbiyen sing pindah ning sumatra.?”( ngraos penasaran, Andi banjur nepangi lare wau), weh, Budi kapan sampeyan balik Jogja? wah dangu ra ketemu iki.”
Budi : “Woh! Andi kanca alitku mbiyen (Budi nyaut tanganipun Andi lan Andi dipunrangkul kaliyan Budi) “sanadyan dangu ra ketemu sampeyan isih enget karo aku”
Andi : “Lhaiyo to di, sampeyan pie kabare? lha iya sae wae to,  kapan mantuk Jogja? ket wingi aku ning kene ora tepung koe”
Budi : “Alhamdulillah sae ndi, nembe wingi ndi, bapak gadhah damel ning kene, dadi aku bali Jogja, hehehe”
Andi : “Walaah ngono, disambung mangke meneh yo di, aku ndak selak telat sekolah iki, nek perlu koe mangke sowan ning gubugku wae, bapak lan ibu mesthi yo urung ketemu karo koe”
Budi : “Iya ndi, aku wes rencana arep sowan griyane bapakmu, kangen ro rujakke ibumu, hehehe”
Andi :” Ya, dak tunggu mangke neng ngomah, Ibu dak sukanane pirsa gawe rujak” (andi nggenjot pedal sepeda lajeng tindak wonten sekolah)
Budi : “Ya, atos atos ndi”
Wonten sekolah andi cariyos kaliyan Siwi lan Bhakti menawi kanca laminipun mantuk saking Sumatra nyuwuni Siwi saha Bhakti tindak wonten omahipun Andi ngrujak sarengan kaliyan Budi.
Andi: “Aku duwe kabar kanggo kowe cah 2, mesthi kabar iki durung padha tok reteni”
Siwi : “Kabar opo to ndi, rasah gawe awake dewe penasaran”
Bhakti : “Ha iya rung reti, lha durung tok omongi pie jal? awakdewe ra reti”
Andi : “Haa, makane iki tak kandani, hehehe, koe padha isih eling karo budi kancane dhewe pas cilik?”
Siwi : “Sing mbiyen senengane nangis yen kalah gatheng kae? (siwi nyelathu ngangge ekspresi kaget)
Bhakti : “Ho o ho o, mbiyen wonge sing ingusen ra leren leren kae to?, walaah dadi pie yo saiki wonge” (nyelathu kaliyan ndangak ningali tawang)
Andi : “Ho o ho o kabeh kuwi pancen bener, sing tok omongke kabeh kui, sanadyan mbiyen wonge kaya ngapa, nanging koe mesthi pangling yen ketemu langsung karo piyambakane saiki.”
Siwi : “Pie to ndi? wonge kuru? lemu? apa tambah ingusen kaya mbiyen?.”
Andi : “Lhaiya makane kui aku ngajak koe cah 2, bubar sekolah ning omahku rujakan karo budi, sebab mengko deweke arep sowan Bapak Ibuku.”
Bhakti : “Wahh oleh kui ndi, oleh banget nek masalah rujakan aku siap sedia,.. hahahaha”
Siwi : “Ayooo.. aku ya penasaran karo budi sing saiki”
Mboten dangu Andi, Siwi saha Bhakti sami pacelathon, Ibu guru dugi wonten kelas, sabibaripun pelajaran Andi, Siwi saha Bhakti wangsul, lajeng tumuju wonten griyanipun Bapak Ibunipun Andi.
Andi, Siwi saha Bhakti sampun dugi griyanipun Andi. Mboten keletan dangu, Budi dugi wonten griyanipun Andi, sakmemperipun tiyang ingkang dangu mboten tepang, Andi, Siwi saha Bhakti tepang kaliyan Budi nyariosaken mapinten pinten babagan ingkang sampun kalampahan antawis piyambakan sanesipun. Budi ngraos seneng amargi saget tepang kaliyan kancanipun. Andi, Siwi saha Bhakti nggih ngraos sami.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Resensi Novel Basa Jawa "Emprit Abuntut Bedhug"

Resensi Carita "Sri Ngilang"

Tugas kata kerja, sifat dan benda