Tugas "Pengalaman Pribadhi"
PENGALAMAN PRIBADHI
wonten ing carita iki, pangripta bakal nyaritakake babagan uripe, dudu carita sing nengsemake, ananging carita bab kadadean sing bisa diunekke ngiris ati, sedhih.
“Nunggoni Papesthen”
dening : Novi Anggita Putri
wonten ing carita iki, pangripta bakal nyaritakake babagan uripe, dudu carita sing nengsemake, ananging carita bab kadadean sing bisa diunekke ngiris ati, sedhih.
“Nunggoni Papesthen”
dening : Novi Anggita Putri
Wong urip kui nunggu. Nunggu papesthen diselani pagawean sadinan dinan ana donya, ana sing bisa becik dinggo uripe lan gawe kagunan kanggo wong liya, ning ya ana sing kapusan karo kahanan dunya sing tan abadhi iki. Ora krasa saben dina wektune ngglindhing kaya rodha ban sing rujine muter kadhang ana dhuwur ning ya mesthi bakal bali mangisor meneh. Saka cilik nganti mati menungsa mung nunggangi umure, saben dina nambah umur mung arep marani jeglongan ukuran setengah ping karotengah meter. Urip kui mung mampir ngombe jarene.
Aku ya menungsa, namung menungsa cilik. Taun 98 wulan April aku lair ana Kabupaten Bantul saka kaluarga desa. Aku anak pembarep, adhiku 2. Aku duwe mbakyu sing duwe jeneng Devi, saka cilik aku tansah digemateni, wes nganggep aku kaya adhi kandhunge wae, saben dina minggu prei sekolah aku kerep banget nginep ana omahe. Akeh banget jalarane ngapa aku sok nginep. Yen lagi suthik karo adhiku misale, aku asring dolan ana omahe mbakyuku ing Balong.
Kelingan jaman semana nalika dheweke ana, aku dijak lunga ana ngendi wae dheweke dolan, nganti ketemu karo kanca cerakke wae aku dikon melu. Mbakyuku kuwi pancen ayu, pakulitane resik, untune mrajik, eseme manis lan dheweke tansah nyenengake yen diajak ngomong. Ora salah yen akeh sing seneng. Jarene yen wong apik kuwi pancen ora dawa kalane.
Sawijining dina mbakyuku dijaluk uwong. Dheweke rabi nadyan umure isih katon kaya godhong ijo ana pucuking pang uwit pelem. Mbakyuku iki pancen paripurna tenan, cepet jodhone cepet wangsane. Sawijining dina dheweke nglairake Gizel anak sing ayu rupane, anake mirip karo dheweke, lucu nggemeske lan nengsemake. Yen disawang raine kaya pecinan, bunder mleker matane, ndumis lambene lan menthisil irunge. Seneng tenan atiku.
Rong taun wes kalakon, adhiku saya katon ayune, dhilit meneh arep duwe adhi anyar. Bayanganku wes nglambrang, pie yen sing diwedeni bakal kelakon, lan sing ora digadhang gadhang kui?, wes gumeter atiku nadyan mung bayangke wae. Pancen eman tenan, nanging kabeh kuwi wes digarisake, yen kudu ngono apa sing bisa diusahake yen dudu donga? nyuwun papesthene gusti supaya kabeh bisa lancar tekaning nggedhekake cah loro iki ya mbak.
Dina kang wes ditunggu kuwi akhire teka. Mbakyuku menehi anggota anyar trah Asmo Pawiro. Anakke wedok meneh, yen dak sawang dheweke padha ayune kaya mbakyune, aku isih bisa ngrasa seneng dheweke lair kanthi slamet, nanging aku isih ngawatiri mbakyuku Devi. Pancen kondhisi kaya ngene kui ngedheg dhegi, kaluargane lega yen kabeh kui bisa slamet, ning kaya ana ganjelane.
Sawijining dina aku oleh kabar. Mbakyuku sing paling dak tresnani mlebu Rumah Sakit meneh, dak etung iki wes kaping telu sakwise nglairake Aqila, Penyakit jantunge saya parah. Rikala semana aku isih kelas 2 SMP, mundhak kesel pikirku yen aku kudu wiruh mbakyuku nglethak ana kamar kanthi lemes awakke aku ra bakal tega. Kamangka dheweke dirawat ana kamar ICU minangka kamar sing kanggo wong sing kudu diulati kanthi temenan lan ora oleh dileboni samubarang uwong apa meneh yen bocah cilik.
Panti Rapih, Mei 2012 dina iki bapak saha mamak tilik mbak Devi. Aku nunggu kabare mbak devi ana ngomah sinambi nyeyuwun dhateng kang Kuwasa supaya paring kamantunan kanggo mbakyuku iki. Kira kira jam 10 wengi wong tuaku kondur saka Rumah Sakit menehi kabar yen kondhisine mbak Dhevi wes ra mungkinake.
Mamak gawa kabar sing ora penak dirungokake, krungu kabar iki aku gur bisa meneng nyambi nglamun nglambrang bayangke sing ora ora.
Krring kringg,..
Hapene bapak nyuwara nalika tak gawa turu ana kamar, gage gage aku tangi banjur dak kehke bapak supaya ndang diangkat mbok menawa penting bab sing telfon kui Pakdhe, bapakne mbak Devi. Lirih lirih suwara tetangisan sing sangsaya nggegirisi ati. Pakdhe ora tau kaya ngene, ngomong ora jelas ndadekake saya bingung arep nanggepi. Bapak mung bisa meneng sepaneng nunggu kadadean iki. Mamak lemes sinambi nglamun sendhean ana tembok. Ana apa iki ya Allah batinku.
“Jan, ijan”. Tembung kui isih ngresep ana ati tekan saiki, suwarane pakdheku kaya wong sing bar dipilasara. “devi mati”.
Innalillahi wainnailaihirajiun, sing maune nampa telpon kanthi ngadeg, bapak langsung ndhlosor saking kagete. Ora dikon metu luh ana mripatku wes ndlewer ana pipi. Mbaka lirih le nangis suwe suwe pancen ora bisa ditahan, bayangan rupane mbakyuku sing ayu saya suwe saya klebat klebet ana pikir, ngelu. Mamak nangis nyuwara banter, nganti tangga tangga padha teka.
Aku bayangke kahanane Gizel lan Aqila, anakke mbak devi. Bocah loro kui isih butuh welas asihe mbokne, ditinggal nalika isih saumur jagung, paribasan aqila urung nganti kenal karo mbokne sing nglairake dheweke nganti tumeka ana donya.
Pungkasan, aku menyang ana griya dhugita. Saka njaba ndheleng kahanan sing tambah nggegirisi ati, nyawang kiwa tengen uwong dha layat. Tekan njero omah lagi njangkahake sikil wes ketemu wungkusan putih njepupung katutupan jarit ana ndhuwure, tambah lemes sikilku, nanging dak tahan supaya katon tabah neng ngarepe mbokdhe. Pengin rasane ngambung mbakyuku sing ayu kui pungkasan nanging aku wes ora kuat nyawang kahanan sing kebak tetangisan iki.
Wes wancine. Mbakyuku wes kapundhut dening Allah, wes tutug anggone nunggu. Pancen bener yen wong becik kui luwih cepet kapundhut. Mbak devi wes ninggal kabeh sing neng donya, ngenggoni omahe sing anyar, mbakyuku khusnul khotimah, amiin.
Aku wes ikhlas nampa kadadean iki, kabeh pancen wes digarisake, saiki sing dibutuhake mbak devi mung donga. Aku kudune ngrasa syukur, dheweke wes ora nandang lara sing kepati ana dunya iki, aku ya untung wes ditakdirake kenal karo dheweke. Mbak tunggu aku neng swarga.
Komentar
Posting Komentar